Urip ning daerah terpencil pancen akeh tantangane, apamaning tumrap inyong sakeloron, pasangan anyar sing esih kurang pengalaman.Ningen,inyong wis serembug wong loro supaya siap ngadhepi masalah apa bae.Inyong kambi Wulan wis nekad nyawiji, nglakoni urip brayan dadi wong bebojoan.Wis mantep arep nglakoni wektu-wektu sing esih ana bareng-bareng delambari rasa tresna lan kasihsayang.
Masalah pegawean dadi salah sijine tantangan ning antarane tantangan-tantangan liyane. Sekolah nggonku mulang kue sekolah SMA sing esih sederhana nemen. Sebagian pagere esih ana sing digawe karo blabag, malah ruang gudange tah pagere babiran kayu alas ora di serut acan. Nek dibandingna kambi anggaran sing arep nggo gawe rehab gedung Dewan ning Jakarta, jan dadi krasa nlangsani ra etung.Tenaga pengajar kur ana wong sanga wis klebu Kepala Sekolah. Kahanan sing kaya kiye wis mesti banget kurange nek dibandingna kambi jumlah murid sing jumlahe rongatus kurang semendhing. Untunge, senajan fasilitas esih akeh kurange, guru-gurune tetep gelem usaha mulang sing bener. Para guru pada total ngwehna tenaga karo pikirane, supaya murid-murid pada pinter, uga olih pengalaman pasinaon sing paling apik. Semangate murid-murid semono uga, ora tau nglempreh utawa kendhor. Malah bocah-bocah SMA kiye golih sinau banene keton temenanan tur mungseng. Murid-murid ning SMA kiye bener-bener generasi muda sing “haus pengetahuan”, butuh bimbingan lan bombongan sekang para guru.
Kenyataan kaya kue dadi pemicu semangat pengabdianku. Inyong esih kemutan weling lan ular-ular sekang dosen favorite inyong lagi jaman kuliah. Pak dosen ngendika, jere nek wis dadi sarjana pendidikan, inyong kudu melu duwe tanggungjawab moral maring proses pendidikan ning negara kiye.Sebab jumlah sarjana ning Indonesia kue esih semendhing. Sarjana kue klebu wong Indonesia sing untung lan pinilih. Mungkin pikiran kaya kue terlalu idealis utawa mungkin malah kelebu utopis tumrape wong liya. Inyong ora peduli karo penilean sing wong liya. Obsesine inyong kawit jamane kuliah ya kue bisa terlibat langsung, senajan kur melu mikir, paling ora urun rembug bab pendidikan ning negara kiye. Syukur bage bisa melu ngurusi ubeng ingere pendidikan, senajan cilik-cilikan. Asline inyong dewek ya sok pengin ngguyu karo pikiran kaya kue. Kadhang sok krasa kaya paribasan kegedhen ampyak kurang cagak. Kementhus pengin melu mikirna ubeng ingere pendidikan kaya iya-iya-a. Kader kur rakyat jelata koh geleme mikirna bab sing masalahe ruwet tur bundhet. Kayong ora ngaca,ora ngukur drajat karo pangkate dewek. Tapi ya ora papa,wong mikir karo duwe kepenginan apik tah kayane dudu dosa ikih.
Inyong rumangsa begja ketemu Wulan, prawan sing gelem dadi bojokku. Deweke uga demen ngadhepi tantangan urip sing kaya kiye, emong milih urip sing biasa-biasa baen. Ndilalah inyong karo Wulan jan sepaham, klop kaya ana injene sing ngancing rasa. Pada bae duwe penganggep nek dadi guru ning daerah terpencil kue ngamale sarjana pendidikan sing nyata. Kayane tah merga esih pada bae enom dadi idealisme sing kaya kue krasa mantep tur kenceng mantheng ning njero dada. Pengarep-arepe inyong, moga-moga bae rasa luhur sing kaya kiye bisa terus ana anjog inyong tuwa mbesuk. Sebab nek gelem nggatekna, kenyataane wong urip, sering-seringe idealisme lan cita-cita luhur luntur digaglag karo bethara kala, alias ilang bareng karo gesere wektu. Ati kayonge tah dadi tentrem ndean angger bisa nglakoni urip selaras karo kepenginan sing arane cita-cita utawa idealisme nganti tekan tuwa,tekan mangsane mati. Inyong dewek ora patia yakin, bisa apa ora.
Sebab pada dene sarjana pendidikan, Wulan uga duwe hak mulang ning SMA. Ningen Wulan ora nggunakna hak-e, deweke ngajukna “permohonan alih tugas” mulang SMP bae. Awal-awale si inyong kurang setuju karo karepe Wulan, nalika durung mudheng alesane apa ndadak pengin mulang ning SMP.Cempuleke ana alesan loro sing marakna Wulan milih mulang SMP. Alesan sing nomer siji sebab SMP kiye pancen kekurangan guru, alesan nomer lorone sebab gedung sekolah SMP kiye pedhek sekang umah kontrakan inyong sekeloron. Wulan pengin profesine dadi guru tetep selaras kambi fungsine dadi bojo lan biyung ning umah. Jere wong-wong pinter, menungsa wadon kue disebut per-empu-an, tegesi nduweni tugas luhur kayadene empu. Empu sing aran biyung kue sing ngarahna lan mbentuk jiwane anak. Biyung kue wajib mulang muruk anake supaya bisa dadi menungsa sing bener uripe lan ana gunane tumrap sepada-pada. Nah, jaman mengko wis akeh wong wadon sing kelalen karo tugas mulya kiye. Merga dadi “wanita karir” kelalen maring fitrah-e sing sejati. Wulan ora gelem kelangan sipat ke-empu-an-e merga uripe sibuk ngudag-udag moncere karir pegawean thok. Pancen bener urip kudu ana tegese, tapi aja nganti ninggalna fitrah sing utama.Salah sijine fitrah utamane wong wadon sing ora bisa diwakili ding sapa bae ya kue tugas reproduksi, ujare Wulan kaya kue.
Bareng karo gesere waktu sinng terus mlaku, Wulan bener-bener dadi kanca tumrap uripku. Istilahe wong wetanan Wulan wis dadi “garwo”, jarwa dhosoke sigaraning nyowo”. Nyawane inyong kambi Wulan persasat separo edhang. Wulan kue kayadene urub-urub sing marakna tungku semangat uripku anget banjur murub dadi geni gairah. Kadhang-kadhang deweke kaya wit gede ijo royo-royo sing marakna suasana dadi iyub lan adhem tekan njero jiwane inyong. Nglakoni urip bareng Wulan, kabeh sanggane wong urip dadi krasa entheng. Inyong ora tau pedhot ngaturna syukur maring ngarsane Gusti Allah sing wis paring bojo kaya Wulan. Bojo sing dadi sorog nggo mbukak lawang gudhang rasa begja mulya. Bojo sing bisa nentremna ati nggronjal, bisa ngademna utek sing sok krasa panas.
Saben esuk, inyong kambi Wulan mesti ajeg sarapan bareng. Wulan ajeg nyediakna sarapan lan ora tau klalen eseme sing manis mesti katon ning lambene sing tipis. Esem sing marakna inyong tambah demen, tambah tresna maring deweke. Lan maninge, Wulan jebule ya jegos masak, panganan olahane enak. Sedurunge inyong jan belih ngira babar blas. Meh kabeh kanca guru sing tau mampir umahku lan disuguh mangan awan, pada ngendika nek masakane Wulan, bojoku, pancen mirasa tur sedhep. Inyong dadi tambah demen lan bangga maring Wulan. Rasa syukure inyong kayong ora nana watese. Kabeh kegiatan kue bisa dilakoni Wulan sebab sekolah SMP nggone Wulan mulang pancen jarake belih adoh sing umah kontrakane inyong.
Ana maning bab liya sing cukup mbekas ning ati, akibat pilihane Wulan mulang SMP. Rasa puas ning batin sing regane ora bisa diukur nganggo duwit. Rasa sing hubungane karo profesine inyong sekeloron minangka guru. Wulan kue jebule uga guru sing di demeni, ditresnani lan dihormati murid-muride. Murid-murid bojoku uga dadi muridku sebab pada nglanjutna maring SMA. Inyong sekeloron dadi tambah juwet karo murid-murid. Komunikasi kambi orangtua murid dadi lewih intens. Ruang silaturahmine inyong sekeloron dadi tambah amba. Senajan urip ning perantoan inyong ora tau krasa kumprung, sepi merga adoh kambi sanak sedulur.Sedulure inyong ning paran kene ya jan akeh. Alhamdulillah. Komunikasi sing apik kambi wong tua murid nyatane nambahi wawasan inyong. Inyong sinau akeh maring para wali murid bab-bab sing ora pernah dirembug ning bangku kuliah. Inyong dadi lewih paham liku-liku penguripane menungsa ning alam nyata. Merga inyong kue pasangan anyar, rumah tangga durung suwe, dadi butuh banget informasi. Kawruh lan pengerten sing praktis masalah rumah tangga mesti bae banget migunani tumrap inyong kambi Wulan. Malah ana wong tuwa murid, sing wis inyong anggep kayadene wong tuwane dewek.Nggo ngganteni wong tua inyong sing adoh ning Pulau Jawa.
***
Rong tahun setengah inyong urip ning kene, tegese wis ngancik tahun ke-telu inyong urip brayan bebojoan kambi Wulan. Wis ora bisa di etung lakon-lakon endah lan nyenengi tek liwati bareng kambi Wulan. Wis ping ewonan inyong karo Wulan nyecep lan ngombe tetes-tetes keringet sing nggawa aroma sewerga. Senajan Gusti Allah durung maringi momongan maring inyong sekeloron,bab kue ora ngurangi kebegjane inyong umah-umah kambi Wulan. Inyong kambi Wulan pada-pada sadar nek anak kue masalah nugraha sing Gusti Allah. Nek tekan dina-dina kiye durung deparingi momongan, mungkin sebabe inyong durung mampu mikul tanggungjawab dadi bapa-biyung. Cara sekiyene,inyong berusaha “postif thingking” maring kersane Gusti Sing Mahakuasa, sing nguasani uripe menungsa.
Wengi kiye wengi ulang tahun perkawinan ke telu. Wengi sing tek liwati kambi Wulan kebek rasa syukur lan donga. Senajan swasana banget sederhana, jiwane inyong kambi Wulan krasa kungkum ning semudra kebegjan sing banyune bening intring nganti keton biru ngeram-erami. Srawung sing kebek pengerten lan rasa tresnane wong mbojo tek lakoni penuh gairah lan sempurna.Jen,temenan, urip karo Wulan sejerone telung tahun kiye dadi sumber kenikmatan sing tansah inyong syukuri. Rasa tresna wis njiret jiwane inyong kambi Wulan, dadi kekuatan sing kukuh ora bisa di oyag-oyag ding ombak utawa angin gedhe.
Esuk umun-umun, inyong ngwenehi Wulan hadiah sederhana. Hadiah gelang emas kue tek wehna sedurunge mangkat mulang, wis mesthi tek tambah dekepan mesra karo kecupan penuh kasih ning bathuke Wulan, bojo sing banget tek tresnani. Inyong ora ngomong apa-apa,sekecap bae ora.Mung mripate Wulan tek deleng nganti tembus anjog telenge ati. Senajan ora ngomong apa-apa, inyong krasa banget ana getere jiwa sing interferensi sebab frekuensine pada, banjur nuwuhna harmoni sing angel dicritakna nganggo tembung lan ukara. Getere jiwa sing nyawiji dadi siji kue mabur, mumbul maring langit bareng kambi rasa syukure inyong sekeloron, wis deparingi rejeki lan pirang-pirang kenikmatan urip ding Gusti Allah.
***
Inyong nampa surat loro, sing isine marakna perasaan dadi nggronjal ora karuan.Kebegyanku wengi wingi karo esuk mau dadi krasa ilang. Surat loro mau dikirim ding wong loro sing penting tumrap uripku. Surat sijine sing biyungku lan sing sijine dikirim ding bapane Wulan. Surat loro kue isine cerita sing ora nyenengna atiku. Surat-surat kue ora nggawe bombong tapi nggawe bombing lan bingung ning ati.
Biyungku nakokna bab kapan kelakone duwe putu. Inyong ngerasa ora bisa njawab.Kudu njawab apa,wong nyatanw Wulan nganti sekiye durung ana tandha-tandha ngandhut,senajan wis srawung karo inyong telung tahun lawase. Inyong dadi susah, aja-aja ana sing ora beres ning masalah reproduksine inyong utawa Wulan. Surate bapane Wulan, bapa mertua inyong, lewih gawe resah. Bapa mertua ngwehi hadiah ulang tahun pernikahan. Apa sing dilakokna bapa mertua inyong jan bener-bener nyinggung perasaan lan harga dirine inyong sebagai wong lanang. Inyong ngerasa dadaku kaya dekilani ding bapane Wulan. Matane inyong pedes, perih maca tulisan ning surat sing bapane Wulan. Ati rasane persasat deiris-iris maca ukara-ukara ning surat sing dikirim bapa mertua.
Inyong sadar, senajan wis telung tahun dadi mantu, bapane Wulan durung sepenuhe nampa inyong. Ganu, bapane Wulan pancen kurang setuju Wulan milih inyong sebab pegawean inyong kur guru. Bapane Wulan mikire inyong ora bakalan bisa nggawe bungah anake wadon. Menungsa bungah utawa susah sajeroning uripe, pancen ora ditentukna ding duit. Ningen, nek ora duwe duit babar pisan, menungsa uga arepan nemukna penderitaan sing ora semendhing. Sebab jaman sekiye, kenyataane kabeh kebutuhane wong urip kudu dipenuhi, carane sing umum, ajege kudu dituku nganggo duit. Nah, pikiran kaya kue esih ana tekan dina kiye, nalika inyong wis telung tahun dadi mantune. Apa mungkin Wulan ngrasakna kebungahaning urip nek lakine kur guru? Guru kan pegawe sing gajine ora akeh nek ora olih disebut sepethit. Penguripane guru kudu sederhana lan bersahaja nek ora patut disebut kecingkrangan alias kere.Ning surat D kue, bapa mertua inyong nulis kaya kiye :
“Anakku, Bapak duwe hadiah ulang tahun pernikahan nggo kowe sekalian. Pada balik maring Jawa bae. Kowe sekeloron ora perlu bersusah-susah ning kene. Bapak uga wis nyediakna umah siji gari manggoni ning komplek perumahan daerah sebelah kidul kotane dewek. Pancen dudu umah mewah, ningen bapa yakin mesti lewih layak huni tinimbang umahmu ning kene. Duit nggo tuku tiket pesawat wis bapak kirim liwat POS meh bareng kambi surat kiye.Gagiyan balik nek duite wis ditampa yah. Bapak ya wis menghubungi seorang kolega, pejabat berpengaruh ning Kabupaten.Bapak yakin bisa mbantu kowe sekeloron pindah maring Jawa, tepate maring kotane dewek. Bapak pengin weruh kowe pada urip sing enak kepenak, bahagia lahir lan batin.”
Ora tek terusna maning maca surat kue. Atiku dadi kemropok kaya banyu deindel.Rasane semromong panas teka rai. Mataku pedes kayong arep mrebes mili. Inyong bener-bener tersinggung maca surat kue. Embuhh ngimpi apa inyong mau mbengi. Esuk kaya kiye wis ana loro masalah abot sing nekani ati lan pikirane inyong. Surat sing biyungku karo bapa mertua pada bae gawe ati dadi gronjalan banjur gelisah sing ora karuan juntrungane.
Dina kiye wis telung dina, inyong nyimpen rahasia bab surat loro sing tek tampa. Inyong urung crita maring Wulan, ning umah inyong apen-apen ora nana apa-apa. Senajan nyatane tah atine inyong polar-paleran ora karuan. Inyong paham lan ngerti sing wis uwis Wulan bisa bersikap dewasa ngadepi persoalan apa bae,ningen sekiye inyong mandan mangmang arep crita, kewatir mbok menawa Wulan ora kaya biasane. Inyong ragu dewek. Inyong bisa mbayangna priwe perasaane Wulan nek ngerti isine surat sing biyungku. Inyong tah emoh Wulan dadi sedih sebab pertakonane si biyung bab kapan duwe putu. Praene wong wadon loro sing pada-pad tek tresnani gentenan ngisi angen-angenku. Inyong emoh nek salah sijine dadi susah lan kuciwa. Sebab wong wadon loro kiye,biyung karo bojoku sing banget berhargane mungguhing uripku. Inyong bingung ora etung priwe carane njawab surate si biyung. Pikiran inyong dadi kalut.Uthek kayong jendhel mandeg ora kena di jak mikir.
Inyong lewih ora ngerti kudu kepriwe sikape maring surat sing bapake Wulan, bapak mertuaku. Angel banget rasane nek kudu nyritakna masalah kiye maring Wulan. Inyong wedi lan khawatir, campur perasaan tersinggung. Inyong wedi Wulan nampa anjurane bapake terus balik maring tanah Jawa. Inyong khawatir ditinggal lunga ding Wulan. Jane si ya bisa bae inyong melu balik, menikmati fasilitas sing disediani ding mertua ning Jawa. Ningen, ning endi nggone harga diriku dadi cah lanang? Kabeh wong ngerti nek wong lanang kue guru laki sing kudu tanggungjawab maring bojo.Kudu bisa ngayani,ngayomi lan ngayemi.Apa nggane inyong arep selak sing kewajiban? Ora. Inyong ora sudi gawe lakon sing kaya kue.Inyong emoh dadi wong lanang, mantu sing terhina sebab ora mandiri. Permasalahane sekiye, bisa apa ora Wulan memahami perasaan inyong? Apa ilok Wulan ngerti nek ati inyong galo? Inyong ora ngerti . Inyong serba salah, meneng dewekan rasane wis ora kuat. Pengin ngomong maring Wulan bingung mulaine sing endi.
Inyong dadi ora semangat goli mulang dina kiye.Murid-murid tek wenehi tugas kon nggarap soal. Inyong kur najagong ning kursi meja guru, meneng nglegeg ngrenungi masalah inyong. Bel istirahat moni, inyong mlaku nuju maring ruang guru. Tek buka terus tek waca maning surat-surat sing tek tampa mau. Angen-angenku nerawang adoh, mbayangna Wulan bojoku. Mungkin inyong kudu cerita kabeh maring Wulan.Cerita sejujur-jujure, apa anane. Wulan bisa maklum maring pertakonane biyungku. Inyong ya yakin Wulan mesti lewih mencintai profesine. Wulan prawan sing idealis lan setia. Wulan ngerti nek uripe, tenaga lan kemampuanne lewih dibutuhna ning kene. Inyong uga ngrasa bisa mesthekna yen Wulan trena maring inyong –suamine-- senajan urip ning kene pas-pasan. Wulan bahagia urip karo inyong, kabeh persangka lan penganggepe bapake Wulan salah. Bapake Wulan ora kenal sipa Wulan senajan anake dewek. Inyong,ya inyong sing lewih ngenal karo paham Wulan kue pribadi sing kaya ngapa.
Ningen, bener ora yah kabeh keyakinan inyong sing kaya kiye? Kepriwe nek jebule kaabeh mau ora bener?Kepriwe nek sikape Wulan wis malik rupa ora kaya wingi?Apa inyong kudu crita rahasia ati kiye sekabehane maring Wulan? Ora. Rasane ora mungkin.Jorna baen kabeh masalah kiye dadi rahasiane inyong. Wulan ora kena ngerti. Aja nganti ngerti. Ningen, tekan kapan inyong mampu nahan? Apa nggane inyong kudu ngapusi awake dewek, mengingkari kenyataan sing tek rasakna? Terus, priwe carane, sing ngendi inyong golih miwiti crita? Perasaan inyong jan ora karuan nemen. Ragu, bingung, lan kecewa ngumbuk dadi siji. Dada rasane kebek,ati dadi sumpek nganti ndudut ambekan bae kayong angel.Sesek.
Dadi wong lanang inyong sadar kur bisa nawakaken urip sing sederhana maring Wulan nek ora olih disebut sengsara. Apa Wulan gelem terima? Ora nana salahe apa sing ana ning pikirane bapake Wulan. Kabeh bapak mesti pengin weruh anake urip begya,mulya sejahtera. Njur biyungku? Biyung inyong uga kurang nyadari sapa inyong kiye. Inyong kiye kur guru. Kepriwe kon inyong bisa mikir duwe anak, nek mbesuke anak-anake kudu nglakoni urip sing sengsara? Anak-anak inyong kudu tumbuh bareng karo kemiskinan? Anak-anak inyong ora bisa tuku klambi sing apik, ora bisa tuku dolanan lan ora bisa mbayar beaya sekolah? Rasa ragu-ragu sing paling gede kue muncul ning njero pikiran inyong, wujude pertakonan,” Apa ilok patut enggane anak-anak inyong dadi putune wong sugih lan kinurmat kaya bapake Wulan?”Lah beda status ekonomi lan sosial antarane inyong karo Wulan kayong kaya bumi- langit,adoh ora etung. Inyong dadi ora percaya diri.
Pertakonan akeh banget pating sliwer ning angen-angenku.Marakna sirahe inyong dadi krasa abot njur nggleyeng.Intine ana rasa ragu-ragu ning ati sebab inyong ora percaya diri.Kayong angel merealisasikan harapan bisa terus urip bareng Wulan sebab inyong pegaweane kur guru. Kabeh wong wis paham nek guru dudu profesi sing bayare akeh. Jan, akhire inyong bener-bener ora ngerti kudu kepriwe ngadepi kahanan sing kaya kiye. Senajan inyong bangga lan cinta kambi profesi, kenyataanne inyong tetep kur guru. Guru, secara finansial esih tetep dudu profesi sing patut dibanggakna. Penguripane guru sekiye identik karo kemiskinan. Ana pengarep-arep tipis moga-moga ngesuk-ngemben nasibe para guru kabeh ning babagan keuangan bisa lewih apik timbang sekiye.
Pengin njajal maning nulis surat. Inyong dadi kebingungen dewek, ora bisa milih tembung.Ana tembung pating klebat tapi inyong gagal nggandheng dadi ukara. Ping kopang kaping kertas tek genti, ora nana selembar acan surat sing dadi. Salah-salah bae, rasane kayong kurang pas. Wis mbuh pirang lembar kertas wis tek kruwes-kruwes.Inyong nganti kesel. Semangate inyong cunthel. Tangane krasa kayong kaku lan pegel. Inyong nglemesna,tek obah-obahna tangan tengene inyong. Apes. Pucuk jenthik tengahe inyong nyenggol botol ning pojokan meja. Isine wutah. Mangsi ireng nyiram kertas. Nyiram buku.Mblobor. Inyong dadi kaget tangi sing jagat lamunan.Gagiyanan tek bersihna mangsi ireng sing mili ning meja putih kue. Inyong kamitenggengen,nglegeg sebab ana rasa getun lan cuwa. Kabeh tulisan ning kertas surat kue dadi ireng, kabur ora bisa diwaca. Inyong ora sida nulis surat. Ora sida sekiye, mungkin lewih apik wektu liya bae.
Ana beban abot ngganjel ning atiku. Pengin tek omongna blak-blakan tapi inyong wedi mbok Wulan dadi ora bombong. Inyong ngerasa dadi wong asing tumrap awake dewek. Inyong wis belih ngerti. Inyong ora mudheng. Inyong bodo. Dungu. Gronjalan ning atine inyong sengsaya ndadi. Perasaan inyong tambah ora karuan. Tek jukut salah sijine kertas sing mau tek kruwes-kruwes.Tek waca maning tulisan sing wis ora jelas merga kesiram mangsi ireng sing mblobor.Inyong kemudu-kudu ngguyu. Inyong ngguyu awake dewek.
Inyong esih krasa beruntung sebabe inyong dewek sing ngge-guyu awake dewek, dudu Wulan sing nggyu inyong. Umpamane mangsi kue ora wutah kayane kelakon Wulan maca surat kue banjur dadi ngerti kabeh perasaane inyong sing esih terus tek simpen ning njero ati. Wulan mesti ngakak latahan ngguyu inyong, wong lanang sing wani nawakna penguripan ning masa depan sing terlalu sederhana.Urip sing sengsarane kaya kue.Bener-bener konyol lan madan tolol. Ora mungkin Wulan gelem. Pancen ya mungkin bae Wulan gelem urip bareng inyong ning daerah terpencil asal inyong mampu tuku tiket pesawat saben bulan. Senajan inyong krasa nek Wulan banget nggateknane maring inyong, ningen inyong kudu ngendegna angen-angen sing mikirna Wulan. Kabeh rahasia ati kiye kudu tetep tek simpen,dadi duweku dewek selawase. Ora perlu crita. Wulan kena ngerti nek jane inyong demen kambi deweke. Wulan aja nganti ngerti nek inyong wis bolak -balik gagal nulis surat cinta nggo deweke.
Inyong nglogog ning beranda umah kos-kosan.Ndeleng langit penuh ding mega warna putih pada mlaku alon digered angin maring ngalor. Inyong eling, esih ana tugas mata kuliah praktikum minggu kiye laporane durung tuntas tek kerjakna. Waktune inyong sebagian wis ilang tek sia-sia, kur tek nggo ngalamuna prawan sing aran Wulan. Keyungyun maring bocah wadon jebule jan krasa repot nemen.Apa maning inyong ngerasa pengarep-arep kue beda banget kambi kenyataan sing ana. Inyong duwe rasa sir kambi Wulan, ningen Wulan ora mungkin ngerti sebab inyong wedi ngomongna utawa wei ngerti bab perasaan kiye.
Inyong pancen wis ngenal sapa Wulan. Inyong ngerti Wulan kue keluargane sugih, sementara inyong kur mahasiswa biasa sing lair ning keluarga guru.Bab kiye dadi ganjelan utama, inyong mendhem rasa cinta lan mungkesi kabeh angen-angen sing ana sambung rapete karo Wulan. Inyong ora wani ngabarna rasa cinta lan pengarep-arep maring Wulan merga inyong kur mahasiswa calon guru. Padahal, nganti dina kiye uripe guru identik kambi kesederhanaan nek ora olih disebut kemiskinan.Kenyataan ning lapangan katon jelas nek dideleng sisi finansial penguripane guru ning negara kiye esih banget kekurangane.Merga gajine guru ora mbejaji, dadi ora salah nek bapake Wulan mesti mikir ping pindho duwe mantu inyong. Wajar lan sah-sah bae bapake Wulan wedi anak prawane ora bahagia uripe nek dadi bojone inyong.Untung baen,surate inyong kesiram mangsi dadi nganti seprene Wulan ora ngerti nek inyong mendhem rasa tresna sing ora kira-kira.Mbuh arep tekan kapan,angel golih mbusek...
Ajibarang, Juni 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar