udan kawit awan
tambah sore tambah gemrujug banyu udan
wengi teka bareng hawa atis sing ngiris-iris perasaan
anak-anakku wis pada turu sebab kesel pit-pitan
bojoku wis pamit turu sebab kesel bali sore mulang jam tambahan
sebab durung arip aku plonga-plongo dewekan
ning ngarepe jendela kaca sing bureng
nerawang adoh ndeleng langit sing peteng
lungguh ning dhingklik
ndadak mati listrik padhangan tek ganti ceplik
peteng kaya lagi aku cilik pengin maca kudu mendelik
ning ati rasane kayong nylekit
hawa tambah adem nganti untu kudu gathik
karep turu tapi ati klasak-klisik
krasa banget siksane sepi senajan umahku wis cilik
oh,jebul abot urip dewekan
senajan umahku wis emped-empedan ning perumahan
tetep bae krasa kesepian ora betah wong dewekan
clingak-clinguk bingung lakon
ora ana kanca guyon
pancen bener ngendikane wong pinter
sepi apa rame gumantung priwe golih mikir
pas ora ana batir lampune senthir krungune suara gasir
jan krasa banget nek urip kuwe jebule fakir
ora ning endi-endi menungsa tetep butuh wong liya
nggo kanca crita,kanca gendu-gendu rasa
sakabehing rasa, rasa bungah utawa rasa susah
sajeroning sepi ana sing kena nggo pelajaran
dadi kelingan nek mangsane wis tekan
ning njero kuburan kabeh menungsa mesthi dewekan
ora bisa sms-an apamaning fesbuk-an
ora ana hape ora ana sate
ora beda sugih apa kere
pejabat apa rakyat kaplinge pada ambane
ora peduli ning kene umahe cilik apa gede
jerone luang ya semana kae
sajeroning sepi ana pepemut
biasa numpak pesawat utawa sedan kinclong
nek wis mangsane mlebu nge-rong ora bisa ketemu wong
pancen bener ora ana wong sekti
sing bisa ngalahna sepi apamaning nolak mati
sing sekti mung lemud karo semut tegese nek di ge-sek ma-ti
miturut kabar sing tek tampa
swasana ning kota kaya jakarta pancen madan beda
tata laire ningkana sepi ora ana
kuburan bae rame sing manggon nganti sek-sekan
lan bisa omong-omongan(sebab wong esih urip manggoni kuburan)
wong mlaku pada rebutan dalan nganthi dengkul pada bethakan
kabeh nggon wis angel olih mbedakna bengi karo awan
senajan kota awan bengi rame aja dikira sejatine rame
sebab ning desa utawa kota ati menungsa ora beda
makhluk sepi tetep bae sok teka
manggon ning njero ati nyeseki dada
marakna nelangsa urip kayong ora ana guna
dina-dina rasane tambah dawa
senajan apa-apa ana, duit akeh, mobil lan umah serba mewah
menungsa tetep kenggonan rasa ngresulah
ora bisa ucul sing perasaan sepi lan sengsara
wala wala kuwata
sajeroning sepi
ana pengerten sing perlu di cathet ning ati
wong urip ora patut kemaki lan aja nganti lali
sebab kabeh menungsa mesti arep mati

Tidak ada komentar:
Posting Komentar