Entri Populer

Sabtu, 25 Juni 2011

ORA NGERTI

aku mlaku alon-alon
nurut dalan jaman aku enom
senajan wis wengi tur sepi
aku ora peduli
aku ora wedi
ora peduli suara-suara
ora peduli angin karo udara
ora peduli apa-apa ora peduli sapa-sapa
ora peduli maring awakku dewek

rasaku kayong wis ngambang
temlawung kegawa ati sing gronjalan
tatu ning jiwa sing wis suwe garing
krasa pada lara maning

aku mlaku terus ngetutna karep lan rasa
nurut dalan sing jaman ganu sering tek liwati
puluhan tahun sing wis kepungkur
awan mau tek liwati dalan-dalan ning kampus
panase srengenge ora tek rasakna
sebab ana srengenge sing lewih panas
ning njero galaksi batinku
sing ngobong rasa sebel lan utek jendhel

aku mlaku terus ngudag rasa sing aku ora ngerti
tek liwati dalan-dalan jaman kuna
sing rasane adem tur nggregesi ati lara
ana sing takon ning njero dada
"deneng uripmu sekiye kur kaya kue?"
"deleng! kanca-kancamu siki wis pada makmur jibar-jibur!"
aku ngguyu dewek atiku tek tata kon rasaku cuek
"kader dunya ra digawa mati!" rembugku ngayem-ayemi ati
terus kaya ora sadar aku mesem lan ngguyu dewek
ngguyu lakon urip sing sering krasa aneh lan mbingungi

aku mlaku lewat dalan ngarep sma siji
aku nangis ning ngarep smp siji
ning  kampus mau awan aku krasa mati
ra kuat di penthelengi wong pinter
oh,aku kesel lair batin,aku wis mblenger
tambah sebel sebab numpak bis ya dioper-oper

dina kiye rasane lewih suwe timbang dina-dina liyane
ketemu guru-guruku ning angen-angen
sing wis dadi gambar-gambar bureng
ketemu kanca-kancaku ning njero pikiran
sing wis dadi cathetan tumpuk-tumpuk ra nganggo halaman
buku-buku biru lelakon urip selawase umur sing wis keliwatan
halaman-halaman putih karo ireng
pada katon bareng-bareng
aku dadi krasa ngengleng
bener-bener ora mudheng

aku mlaku lewat dalan ngarep sma siji
aku nangis ning ngarep smp siji
ning  kampus mau awan aku krasa mati
senajan aku urung tau mati
ora ngerti kapan arep  mati
tapi yakin mesti  mati

ah,aku dadi ngerti
jebule urip kiye anu ora ngerti
"mulane aja sok tau ya!"
ana suara sing gawe aku ngguyu ngakak
mbuh suarane sapa
tek jawab bae,"ya.lu juga.jangan sok tau ya".

ana sing crita urip kuwe nggo kerja
aku sok belih percaya
ana sing ngomong urip nggo nglayani wong
aku sok ora pati ngandel,sebab nyatane sok padha bo'ong
ana sing ngethuprus urip kudu duwe prestasi
aku ya tambah ora ngerti

heh!
aku pancen ora ngerti

1 komentar: